| pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot |

Thursday, January 07, 2010

Pitutur luhur ing kasussatran


Pitutur luhur ing kasussatran


Anakku ngger, aja pijer nangis

yen isih nangis merga ngapa ta

tak kudange suk yen gedhe

bekti mring rama ibu

tansah eling kalawan Gusti

Dadia wong utama

Kanhti watak luhur

Migunani mring sasama

Muga-muga antuk nugrahaning Gusti

Santosa jiwa raga

(Dhandhanggula: Dinding S)


Tembang Dhandhanggula ing dhuwur minangka tuladha sawijining cara kanggo nglipur bocah. Tembang mau uga ngemu pangajab lan donga marang Gusti Kang Akarya Jagad kareben anak dadi wong kang utama.Tumrap wong tuwa, pangajab lan gegayuhan marang anak tembe besuke dadia becik. Tegese, becik watake, luhur budine lan migunani tumrap sapadha-padha sarta ngabekti mring wong tuwa lan Gusti Kang Murbeng Dumadi. Pangajabe wong tuwa sing mituturi mau, satemah dadi piwulang kang katulis ana kasusastran. Apamaneh sing mituturi wong kang utama kayata pujangga apadene raja. Kanthi mangkono pitutur luhur tumrap anak mau bisa ditedhakturunake marang anak putu sarta para kawulane.Anak minangka titipane Gusti Kang Murba Wasesa Urip, mula kudu tansah dijaga lan diupakara kanthi temen-temen. Kanthi mangkono wong tuwa kudu bisa nggulawenthah anake supaya dadi becik. Panggulawenthah anak diwiwiti nalika isih ing guwa garbaning ibu, ing embanan nganti tumekane dewasa. Sawijing tuladha laku nggulawenthah anak, wong tuwa menehi pitutur kang becik.Ana ing kasusastran Jawa akeh serat-serat piwulang kang isine pitutur luhur dadi wong utama apadene nggulawenthah anak. Piwulang mau kayata Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putra, Wulang Putri, Wedhatama, Darmawasita, Wulangreh lan sapanunggalane. Kabeh pitutur mau yen dijupuk dudutane dening sing maca utawa sing krungu ora liya kareben duwe watak lan patrap kang becik, ing satemah dadi wong utama.Watak kang utama rupa luhuring budi, welas asih, lembah manah, lila marang kabecikan, ora duwe watak drengki, srei lan dahwen. Wondene patrap sing becik kudu tansah ngati-ati, gemi, nastiti, taberi, duwe suba sita, andhap asor, ora nerak wewaler lan paugeraning urip, ora kagetan lan ora gumunan. Mula kanthi mangkono pitutur kanggo anak pancen wigati banget, jalaran anak mau kang bakal mbacutake tedhak turun lan jeneng trah sabanjure.Pitutur luhur sing kaya diandharke mau becik kanggo nggulawenthah utawa piwulang marang anak. Ananging kang ora kena dilirwakake lan luwih utama tumrap sing mituturi kudu duwe sipat-sipat kang utama. Wong tuwa kudu bisa asung tuladha sadurunge mituturi anake.TuladhaAwit pitutur luhur mau kudu ana sing nggandhengake utawa nyambungke antarane sing nganggit kalawan sing maca utawa krungu. Tegese nggandhengke, menehi pituduh lan teges marang pitutur luhur mau kareben dingerteni kalawan anak utawa muride. Dene sing nggandhengke utawa nyambungke mau ora liya wong tuwane apadene gurune. Marga wong tuwa utawa guru kang saben dina sesrawungan karo anak.Mula sapisan maneh, wong tuwa kang duwe sipat kang utama bisa kanggo tuladha anake. Awit manawa ora bisa dadi kanggo tuladha wong tuwa mau ora dadi sepuh sing tegese tuwa ananging mung dadi sepah, sing tegese ampas sing wis ilang wosing saripati kawruhing urip bebrayan ing ngalam donya. Dadi wong tuwa tegese dadi guru, sing bisa digugu lan ditiru dening bocah. Ora sing diplesetake dadi wagu lan kuru. Amarga wong tuwa sing ora bisa digugu lan ditiru wis mesthi ora dipercaya anak. Ilang pangaribawane marang anak. Perbawa sing njalari diajeni anak, ora marga diwedeni, ananging kang diajeni amarga wong tuwa uga nresnani marang anak.Saliyane kuwi wong tuwa sing nggulawenthah anak, ing serat-serat piwulang mau kudu duwe sipat cacah telu yakuwi jati, rasa lan karsa. Jati tegese wong tuwa kudu ngerti lan duwe sipat sejatining pamomong. Sipate sang pamomong tansah ngayomi lan ngayemi sing dimong. Ing kabudayan Jawa tuladha kang duwe jatining pamomong ora liya Semar. Wong tuwa minangka pamomong mesthine uga paring pituduh dalan urip marang kabecikan. Wong tuwa ora nggugu karepe dhewe, ananging tansah paring kawigaten marang sing dadi kabutuhane anak.Rasa tegese kudu duwe rasa pangrasa tresna, welas asih marang sapadha-padha, mligine marang anak. Rasa kang mangkono ndadekake anak rumangsa tansah kinasihan dening wong tuwa. Wong tuwa nora gampang nyrengeni anak manawa gawe kaluputan. Amarga wong tuwa sing kerep nyrengeni anak, jer kaya mangkono anak dadi ora wedi lan kosok baline malah dadi wani mring wong tuwa.Karsa tegese duwe kekarepan tumindak kang becik. Tindak-tanduk ln muna-muni kudu dijaga sing becik. Ora seneng samubarang guneman kang ala, apadene nyatur wong liya. Amarga apa sing digunemake lan dilakoni bakal tansah digatekake lan sabanjure ditiru dening anake.Saliyane kuwi wong tuwo kudu njumbuhake antarane guneman kalawan sing dilakoni. Wong tuwa kang mangkono tegese wis jumbuh sipat lair kalawan batine. Apa wae sing diwulangake tansah dadi kabecikan tumrap anak utawa muride, lumebere marang wong liya.Mula wong tuwa kudu nuhoni guneman sing becik, uga luwih becik dilakoni kanthi temen temen, ora mung lair ananging tumus nganti tumeka batin. Wong tuwa kang mangkono apa sing digunem mesthi digatekake anak. Karsa uga ngemu teges wong tuwa kudu tansah njurung manawa anake duwe gegayuhan kang becik, kaya dene unen-unen anak polah bapa kepradah.Mula pancen bener apa sing diandharake Ki Hajar Dewantara lumantar sesanti pitutur luhur ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. -

Kapethik saking FSSR UNS, guru les basa Jawa

No comments:

Post a Comment