| pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot - pleasure blogspot |

Thursday, July 09, 2009

MAMAYU HAYUNING BAWANA

Memayu hayuning bawana, mengandung banyak pengertian dari setiap pandangan dan juga pemikiran setiap orang . Dalam pengertian sederhana adalah menyempurnakan/mempercantik indahnya dunia dan jagad dimana manusia berpijak dan menghirup udaranya, bumi dimana langit memayungi setiap manusia, semesta alam dengan segala isinya.Masih banyak pengertian dari setiap orientasi yang berbeda juga. Maksud dari menyempurnakan indahnya/cantiknya dunia antara lain menyempurnakan tata nilai kehidupan. Banyak cara demi menyempurnakan tata nilai dari kehidupan manusia, baik sosial budaya maupun relijius.
Berikut adalah pengejawantahan Hamemayu hayuning bawana secara filosofi jawa
TEMBUNG “amemayu” iku tembung andhahan sing asale saka tembung lingga “hayu” sing sok kelangan h-ne dadi “ayu”. Tembung andhahan “amemayu” iku ater-atere (h)a- lan swara irungbunyi sengau kang digandhengake karo tembung dwilingga hayu-hayuutawa ayu-ayu dadi “amahayu-hayu” sing diringkes dadi “amamayu”.Ater-ater (h)a- kuwi uga asring ilang mung kari swara irunge bae, dene vokal a sing ana tengah ngalami disimilasi dadi e (pepet), mula banjur dari memayu. Tembung kang proses pangribage padha karo amemayu utawa memayu yaiku amemangun utawa memangun.
“Amemayu” iku tembung kriya sing tegese ngupadaya supaya tansah “ayu”. Dadi, “memayu hayuning bawana” iku tumindak utawa tandang gawe sing tundhone bisa gawe raharjaning donya. Bebuden kang becik utawa bebuden kang luhur, iku ya mung bebuden kang dadi sumbering tumindak kang tumuju marang karahayon.
Ana sing kagungan pamanggih menawa “memayu hayuning bawana” iku sesanti kang mokal lan angel cak-cakane. Lha wong lagi “memayu hayuning kulawarga” utawa “memayu hayuning bebrayan” bae ora gampang, kok arep “memayu hayuning bawana” utawa hayuning jagad!
Memayu hayuning bawana iku ora ateges memayu hayuning masyarakat ing saindhenging donya. Kulawarga, masyarakat sadesa, sakecamatan utawa kelompok masyarakat tinamtu, iku uga mujudake peranganing bawana. Dadi, leladi kanggo bebrayan, aweh pambiyantu tumrap fakir-miskin, nindakake jejibahan kanthi becik saengga murakabi tumrap bebrayan, kabeh mau klebu memayu hayuning bawana. Pemimpin kang tansah asung tuladha kang becik, ora korupsi, lan gedhe lelabuhane kanggo rakyat, iku wis jeneng memayu hayuning bawana.
Bawana, jagad, bumi, rat, iku pancen amba, nanging wilayah kang klebu peranganing bawana iku uga klebu bawana. Pancen, kanthi tembung-tembung mau surasane banjur kaya digedhek-gedhekake. Ing pewayangan, Janaka iku digelari “lelananging jagat”. Para raja ing Tanah Jawa jejuluke nganggo tembung-tembung sing maknane padha karo jagat, upamane: Hamengku Buwana, Paku Buwana, Amangkurat, Paku Alam. Para pangeran para manggalaning praja uga ora keri. Ana kang asmane Mangku Bumi, Pakuningrat, Prabuningrat, Kuncaraningrat, lan sapanunggalane. Jagat bae ana jagat gedhe lan jagat cilik. Senajan cilik, nanging ya diarani jagat.
Ayu, hayu, rahayu, raharja, iku kang diudi dening sok sapaa yang ngugemi sesanti “memayu kayuning bawana”. Tembung-tembung mau tegese becik, aman, slamet, lan “sejahtera”. Tembung “rahayu” dicamborake karo “wilujeng” dadi “rahayu wilujeng”. Ing pamedhar sabda sing nganggo basa Jawa krama, panutuping atur adate dikantheni pangajab “mugi rahayu wilujeng ingkang pinanggih”.
Priyayi Jawa yen padha bage-binage yen nganggo basa krama adate mangkene:
- “Sami sugeng rawuhipun?”+ “Angsal pangestu panjenengan, wilujeng.”
Dene yen nganggo basa ngoko mangkene:
- “Rak ya padha slamet ta Le?”+ “Iya Ma, aku, mantumu, dalah putumu, oleh pangestumu padha slamet kabeh.”
Keslametan, karahayon, iku wigati banget mungguhing manungsa. Sesanti “memayu hayuning bawana” iku mujudake pangudi lan pangajab marang karahayon. Karahayon mau kudu tansah diudi murih luwih sumebar lan saya murakabi. Sakabehing tindak lan tandang gawe kang becik, kang murakabi tumraping bebrayan, iku klebu memayu hayuning bawana.
Sifat lan tindak tanduke manungsa iku ana kang tansah gawe kapitunaning bebrayan; ana sing ora gawe pitunaning masyarakat ning ya ora nguntungake bebrayan; ana sing ora ngrugekake masyarakat malah gawe rahayu lan sejahteraning bebrayan. Ya sifat lan pakarti sing keri dhewe iki kang klebu memayu hayuning bawana.
Memayu hayuning bawana iku tumrap wong siji lan sijine ora padha. Kabeh mau gumantung marang kekuatan, kemampuan, keikhlasan, sarta kalungguhane dhewe-dhewe. Sing padha nglungguhi kursi pimpinan duwe kalodhangan lan jejibahan kang akeh kanggo amemayu hayuning bawana. Sing kalungguhane endhek bisa nindakake sesanti mau samurwat karo kalungguhan lan kekuwatanne. Manawa sesanti mau diugemi lan ditindakake wiwit para narapraja, wakil rakyat, PNS lan liya-liyane nganti pimpinan tingkat desa, mbokmenawa cita-cita supaya masyarakat Indonesia maju sarta adil makmur, bisa enggal kaleksanan.

2 comments:

  1. Asalammu'alaikum
    Tepangaken mas anung, kulo iskandar zulkarnaen, blog:http://iskandar1.wordpress.com.
    menopo pareng kawulo nyuplik pitutur MAMAYU HAYUNING BAWANA, awit jaman saiki kedah wonten pemimpin kang becik sejatining becik.
    nuwun

    ReplyDelete
  2. mboten punapa mas,
    salam kenal...
    menawi kagungan tulisan basa jawa kula nggih purun..

    ReplyDelete